Cirebon kuwe salah siji kota nang sisi wetan Propinsi Jawa Barat, kota kiye umume dikenal sebagai kota pelabuhan utawa Bandar juga kadang diarani kota udang, merga produksi udang daerah kiye akeh banget.
Angger ditilik sekang budayane, wilayah Cirebon kuwe titik percampuran budaya antara budaya Sunda karo budaya Jawa, wujud percampuran kuwe anane nang tampilan basa, seni karo tradisine.
Sejarah
Pangeran Walangsungsang/P. Cakrabuana/Haji Abdullah Iman ialah pendiri kampung Cirebon nang wilayah pesisir. Sebutan Cirebon Pesisir utawa Cirebon Larang kuwe kanggo mbedaaken karo Cirebon Girang sing wis dibangun sedurunge nang lereng Gunung Ceremai. Sri Ba.duga Maharaja sekang Pajajaran ngaweh anugerah gelar Sri Mangana maring puterane merga prestasine mbangun Cirebon. Rara Santang (salah siji putri Sri Baduga sing wis meluk Islam) bali sekang Mekkah nggawa putrane sing jenenge Syarif Hidayatullah. Syarif Hidayatullah kiye sing mengkone ngukuhaken Cirebon dadi salah siji kekuatan agama Islam sing lantes merdeka sekang kerajaan kakikne nang Pakuan Pajajaran terus dheweke jadi raja Cirebon sing nganggo gelar Susuhunan Jati. .
Susuhunan Jati ialah ayah Syeh Hasanuddin sing mbangun Kesultanan Banten. Dheweke wafat taun 1568 M, makame nang Gunung Jati (Cirebon). Dheweke juga dikenal sebagei Sunan Gunung Jati.
Basa harian sing dituturaken penduduk umume ialah basa Cirebon (salah siji sub dialek kelompok Basa Jawa Wilayah Kulon), sebagian maning nganggo Basa Sunda.
Wujud kesenian sing urip nang wilayah Cirebon kiye ialah perpaduan antara budaya Prasejarah Hindu karo Islam antarane: